<$BlogRSDUrl$>
 
 
[ essay angin ]

wajahangin  :  sajak  :  geguritan  :  features&news  :  essay  :  cerpen  :  email
 
Thursday, November 20, 2003
 

 

Janma Umanjing Trustaning Semedi





gusti pengeran kang hamengku

jagadnata paring dhawuh mula

midangetna kanthi setiti waha

tuhu marang kang murwengdadi

punika raras sampun



jumeneng ing dhampar paseban

sun umanjing sekethiking netra

lodhang luwenging waringin

kekalih nuju ing pratandha

punjering gesang lingga wujud

kang anumbak telenging samudera

wedhi tetes titising habangun

praja keparenga tingal dhumateng

panepen ring ngarsa waha wuri



pakartining panembah ngarumake gusti

sareh tumungkula putra wayah, anakmami

ki dipati putraningsun, ingsun mekas malih

ya dibisa angemong ing praja, araras tunggaling

kawula twin gustinira satemah endahing sesekaran

saka tamansarining pura kaputren gumebyar ring

margi malya bhra kaangge ubarampe andherekake

dhutaning manca, kairingiake tumekaning bebantheng

benteng amarengi swara tetembangan jawi kinanthi

ngancik plengkung laras langkung

pinanggihnya apit rempit

panca lawang paduraksa

nanjak baya murweng lana

baluwarti jagakapti

pramila kaki saka ing dingin tumekaning tembe

tlatah iki dede gunuking giri waha siti ampil



samayaningsun wus tumekaning sampun, nakmas

esmuning suksma umbara kang nuju pepesthen

ing ngarsaning gusti hyang manon

tumilar saka ing renaning gesang

mung bisa nilarake agamaning nata

jana jinem ateges lelaku kang tuhu

kaweruh ing ngupadi tameng twin tamsir

nora mung lelena tanpa waspada

kayadene kang katindakake dening

ki jagasura ing kiblating gapura

nawungkridha ateges tangguh angugem

rasa lan karsa mring akarya kaembanan

samana uga gegayuhaning para muda

tarunasura ing timuring gapura

tyasingrat satemah jembaring buwana

nora kagokkagol ambekgegek ugek-ugek

kajaba sumilir ring ilir-iliring samubarang

lir kaya ki jagabaya ing dayaning gapura

sulendratama katamtu cawis sumadya

karyatama adhasar endahing panjangka

tebih saka ing panduga ala twin culidra

jamake madyasura anarajang bebaya

gunamukti ateges kamulyaning janma

sesami twin liyan kadhaopake daya

lantiping nalar kang pinuju wikan

sairing lelakuning ki nirbaya gapura



maha tunggal anglebat ratu

dak pungkasi pangadikaningsun esmu

gumuyu, kawistara ragi ing lilihing

dukaningsun saebasutammu, anakmami

panjenenganingsun banget enget

yen sira dadi pawong-mitraningsun

ananging sira ing mangkene ingsun

aranni bangsaning candhala, dene sira

teka wani ambadal dhawuh timbalaningsun

ewa mangkana panjenenganingsun kagungan

cacangkriman kang kawasita sajroning

wengi; yen sira bisa anarbuka yekti

ingsun kepareng panggalih murihing mukti

cacangkrimaningsun kang kawasita mangkene



luhur kang ngungkuli wukir

jembar kang angluwihi sagara

padhang kang animbangi raina

rata kang amadhani tanah leta




yen jeneng sira nora bisa narbukani

mesthi ingsun pidana ing guntur wisesa

sanadyan sira bisa njebles tanpa sirah

njejak tanpa sothang, njuing tanpa asta

ananging tintriming dukaningsun ing tembe

bakal anumpes kelor suta wayah

sacindhil abangira sairing wuntahing

rudira kadi narmada jemparing bengawan

tinon kadi mina, angambang ing samudera

agunging lir ruging ardhi, angkasa tinarbuka

bumi gonjang-ganjing, langit kelap-kelap

leliweran kilat thathit, lintang sumamburat

madyaloka dadi rungket sengkaruting giri

wadyabalanira sirnanting, sisaning pati

lumayu ngungsi biting, banjur sumirepi

sumiliriing bayu angleremake segara wedhi

panjenenganingsun anitah njalma dadi

jum'atlegi, 221103


 

# berhembus waktu 3:29 PM : []

 
 
 
 
 s a n g  a n g i n


negeri hantu

aku hidup di negeri hantu*
tak percaya adalah hujan batu
ke arahku dan selamanya ular
dihujat sebagai penghujat
dirajam malam kegilaan
dilarung dalam kapal-kapal
ke luar pulau karang

bersandar pada hantu
aku menjaga mata dalam buta
menjemput maut dalam gila

*meminjam sebuah lagu seorang teman

 c a t a t a n  a n g i n
 

Surgaku adalah air yang mencurahkan bening. Buih-buih pertama yang lafasnya nafas pupus daun dengan anggur, kopi dan mimpi mabuk sendiri
Surgaku masih kamar kecil yang lembab penuh asbak, abu dan lumut.  Tanpa selembar rambut pun menyeberanginya. Aku telah bersaksi kepadamu tentang surga dan dia yang sempat terlupa. Angin yang bergasing telah mematahkan  tulang-tulang rusuknya demi seutas nafas hantu ular belang

 

Segala yang mesti terjadi
Terjadilah

 
 h e m b u s a n  l a l u
 
08/01/2003 - 09/01/200309/01/2003 - 10/01/200310/01/2003 - 11/01/200311/01/2003 - 12/01/200301/01/2006 - 02/01/2006
 
 p e r s i n g g a h a n
 
agung yudha
agustinus wahyono
amma
apip
arie rose
arwan maulana
bunga rumput liar
candylam
cecil mariani
edi santana
EdSen
fc
hans
hasan aspahani
idaman_andarmosoko
indah ip
Jule
MM
MasPus
malina sofia
marx
meli indie`
nanang suryadi
pepen:p
odhed tea ningan
ompit abimanyu
qizink la aziva
randu rini
rano
rawins
r3drose
saza
sihar ramses
sireum hideung
Tantry
ts pinang
Ureh
ventry
 
 p u t i n g  b e l i u n g
 
 i n t e r a k t i f
 
Polling
Apakah isi situs ini memuaskan anda?

Ya
Tidak
Ragu-ragu
No Comment



Current Results
 
 

:: special designed by sz & hk ::