<$BlogRSDUrl$>
 
 
[ essay angin ]

wajahangin  :  sajak  :  geguritan  :  features&news  :  essay  :  cerpen  :  email
 
Thursday, August 07, 2003
 

 

eruchakraning sun



angkasa tinarbuka

ing pucuk erining wengi

eruchakra sakedheping

netra, njalma dadi chandra

klebating bayu memayuhayu

ring diyu rhasa gebyaring

segara wedhi awujud lintang

wadag tanpa wadal lan wayah



warangkaning wesi

aji anglerap-lerap pura

kaputrian, anyuba sunar

purwacarakaning sada lanang

tinebahake ing sadak kinang

mula panembahan cancut tali

wanda, satemah mandha wengi

megar sawedharing mandhalan



ngangsu sumur rupa

twin ras dede anggitan

parikena, sigrake jambe

abang-abang lambe sesami

lawan liyan uga, anakmami

ngangsu wayah pletheking

surya sumurupa ing wanci

surub njalma ron tal iki

070803


 

# berhembus waktu 10:03 AM : []

Wednesday, August 06, 2003
 

 

lembu katiup angin



tanpa aran

mangsa ketiga gita-gita

godhong-godhong wus ora bisa

sumarah ing lakuning wayah

tuwin dina



bajingan

nggelak cikar rungketing

angkara, nedya ngadang mala

jawata cengkar bela sungkawa

tanpa kendhat angirab bharat



bajingan

nggelak angin sa'angkring

supata, gegojekan lawan pati

nyeblak segara mbegal kereta

kecananing kanjeng ratu kidul



nora selak

yen wus dak mangsa mangsa

rendheng lan ketiga tanpa sat

wuntah, ing wektu iki anggelap

ngampar sa'jeroning paudaranku

tan pawatesmu

050803

 

# berhembus waktu 1:48 PM : []

 

 

gerang-gerang dolanan

egrang




kemproh

cuk

2003


 

# berhembus waktu 12:36 PM : []

 

 

uler kambang



mesem ngguyu

kenya ayu dolanan gaman

tanpa garan. pungkasane pusaka

mung dadi gojegan kaenggo macaki

saputing kalapa



ngelingake kalawartining

mundingsari ing galuh kaputren

ngupadi seja nanting angkaraning

sadak kinang nyandhang sada lanang



awit jeneng ula

ing murwakala linuwih sepuh

tinimbang janma. mula kuldi kawitan

dudu saka lelabuhing adam, semono uga

pembareping hawa dudu katamtu putranira

2003

 

# berhembus waktu 12:35 PM : []

 

 

Madya loka





Jembaring kahanan

Dudu jemparing rina kang sumunar

Senopati ing alaga durung kaundur

Sakapalagan. Candraning yudha bakal

Puput, tumpes tapising kelor

Sacindhil

Abange

Sorake cantrik ambata rubuh

Rubuh-rubuh gedhang angrembuyung

2003

 

# berhembus waktu 12:34 PM : []

 

 

Lebu katiup angin





Barat agung agumulung

Satemah wedaran kang kumleyang

Saka gigiring bayu. Gelaran keber

Ring angkasa gumebyar katon

Sangsaya merak ing wayah

Tinibra layu



Duh yayi

Perihing galih amblabar

Anglukrah dhadha cungkuping

Angsoka



Kenya kang tinudhungan pedhut

Iki. Andedonga ing pacoban

Anangkup sumilir ring

Udhuping grana

Netraning anglarap

Larap. Astaning anggegem

Mawa

Sesekaran tumungkul

Angandhet asmaradana



Barat agung agumulung

Sangsaya asring rinawuh

Angrerujit sakabehing gelaran

Sengkaruting araras sungkem

Seba sungkawa

Marang ilening narmada

Kang nora tumiba

Ing segara

2003

 

# berhembus waktu 12:33 PM : []

 

 

Estuning Titi Mulatsasi

Marmarti
Kakang kawah adi ari-ari. Bapa
tumekaning kaki. Niat ingsun suksma
sejati, mundhut pakarti asihing gusti kang
maha suwung. Jejibahan iki wigatining laku
; mersudi patitise tindak
pusakane titising hati

Sewu candra
ing telenging angkasa tansah nora
bisa dadi sengkala. Mungguhna kajangka
isih kasebut mokal mukti ing dampar paseban
ingsun, sinandhing dening lelakuning laku jati
; sanadyan gelap ngamparku
bakal kababar araras gelap sayuta

Hamung
agunging samudra pangaksami twin seruning
panuwun ring pupus semu luh lan esemmu
napak paramasastra mayapadha. Mangsa iki
dak suwun kinanthi wigati, seleh sedyamu
sinandhing ing sarining pasebaning sun

2003-2014

 

# berhembus waktu 12:32 PM : []

 

 

Pambukaning Kala

Serat Puspakajang Pupuh Telulas



Warangkana yayi

warangkana, sanadyan bakal wedar

tali kembening jendra hayuningrat

pangruwating diyu, ngarerujit telenging

wengi, kang ginubet titising sambekala

Kala kalaning angkara jumeneng ratu

Rina tan kinaya rina

Wengi tan pawates

Singup

ing panepen



Dudu yayi

dudu esemmu dak antu-antu minegar

Mungguhna rasa iku isih rinasa

Amung sato iki nora bisa tinemu pati

yen dede sinuduk susuk konde rinacik

ubarampe kembang ronce, mlathi agumulung

trusing galih, wening rembesan hidayat jati

Sinundhuk manthuk-anthuk

Tinumbak lakak-lakak

Samubarang mimis

sakala

kalis

Setan nora doyan

Dhemit nora ndulit

Iblis teka lunga padha

Miris



Andulu rahsa

sumunar ring ulu atining ampeyanira

Pedhut dadi araras sengkaruting giri

Ananjak plered dudu gegayuhan seta

Anembah panembahan sanes, suwita

Angudi sarira kaanggit gita

Bayu lali tindak, paksi lali wanci

Tinimbang lebur samubarang lir ring

jagad dewa bathara, kasawaban pralaya

puspakajang iki, mula gage yayi

Ing telenging wengi panepen

ampeyanira, enggal

warangkana

yayi

062002

 

# berhembus waktu 12:31 PM : []

 

 

Kidungku Kanggo Kapangku

ambegan dawa kapeksa dak sendhal
rinacik getun binundhel tembang pangudarasa
awit
esem rembulan kang gegojekan lawan mega iku
malah nanting eluh karanta-ranta

geneya,
kapanging ati kudu ginubet pedhut cintraka

wis dak pilah-pilah kabeh
samubarang jangkah
saiki, mengko, sesuk, lan emben
nganti ngegla kabeh bakal rinasa

nanging,
kidunging kencling wengi
kang ngarerujit iku
pratandha
katresnan kita kudu biru

1991-2003

 

# berhembus waktu 12:30 PM : []

 
 
 
 
 s a n g  a n g i n


negeri hantu

aku hidup di negeri hantu*
tak percaya adalah hujan batu
ke arahku dan selamanya ular
dihujat sebagai penghujat
dirajam malam kegilaan
dilarung dalam kapal-kapal
ke luar pulau karang

bersandar pada hantu
aku menjaga mata dalam buta
menjemput maut dalam gila

*meminjam sebuah lagu seorang teman

 c a t a t a n  a n g i n
 

Surgaku adalah air yang mencurahkan bening. Buih-buih pertama yang lafasnya nafas pupus daun dengan anggur, kopi dan mimpi mabuk sendiri
Surgaku masih kamar kecil yang lembab penuh asbak, abu dan lumut.  Tanpa selembar rambut pun menyeberanginya. Aku telah bersaksi kepadamu tentang surga dan dia yang sempat terlupa. Angin yang bergasing telah mematahkan  tulang-tulang rusuknya demi seutas nafas hantu ular belang

 

Segala yang mesti terjadi
Terjadilah

 
 h e m b u s a n  l a l u
 
08/01/2003 - 09/01/200309/01/2003 - 10/01/200310/01/2003 - 11/01/200311/01/2003 - 12/01/200301/01/2006 - 02/01/2006
 
 p e r s i n g g a h a n
 
agung yudha
agustinus wahyono
amma
apip
arie rose
arwan maulana
bunga rumput liar
candylam
cecil mariani
edi santana
EdSen
fc
hans
hasan aspahani
idaman_andarmosoko
indah ip
Jule
MM
MasPus
malina sofia
marx
meli indie`
nanang suryadi
pepen:p
odhed tea ningan
ompit abimanyu
qizink la aziva
randu rini
rano
rawins
r3drose
saza
sihar ramses
sireum hideung
Tantry
ts pinang
Ureh
ventry
 
 p u t i n g  b e l i u n g
 
 i n t e r a k t i f
 
Polling
Apakah isi situs ini memuaskan anda?

Ya
Tidak
Ragu-ragu
No Comment



Current Results
 
 

:: special designed by sz & hk ::